Home » » Dos-dosan Dolananku Jaman Cilik

Dos-dosan Dolananku Jaman Cilik

Written By banyumascilacap on Senin, 24 Juni 2013 | 04.03

Oleh  pada 21 April 2013 | Dibaca 483 kali

Tesih pada kemutan ora ndisit cilikane sering dolanan dos dosan. apa gue heyuh dos-dosan, sapa sing ngerti ngacung? coba disimak ya, jejel nek nang nggone rika apa jenenge.
permainan tradisional dos-dosan
Dolanan dos-dosan kaya gie
Sing jenenge dos-dosan ya gue sejenis dolanan tradisional sing sok dolanna nang bocah cilik-cilik pas jamanku ya gue nang desa MargasariSidarejaCilacap.mbuh siki esih ana sing dolanan ora, soale enyong wis ra tau weruh bocah pada dolanan kaya gue. Dolanan gie biasane ndisit seringe dimaina pas sore-sore sekitar jam 3an terkadang bar bali sekolah SD ngesogna tas tok terus dolanan, wayah liane biasane bar Magrib pas wayaeh bar rampung ngaji nang langgar.
Dolanan gie intine ngeseli banget, nang kesehatan juga marekna apik lan seger. Soale dolanan gie mlayu-mlayu, uber-uberan sampai kena. Dos-dosan gie bisa dimainna nang wong pira bae, pokoke ora nganggo itungan lah. Cara dolananne ya gue dibagi rong grup, nek nganggo arah ya siji nang belah kulon siji nang belah wetan lan setiap grup disogi semacam pos lah, pose biasane nganggo bata sing mandan gedhe. Adoeh antara pos wetan karo kulon ya paling mung 100 meter, terus nang ngarep masing-masing pos belah tengen ana pos (ya biasane tengere nganggo bata) gue semacam kaya penjara nggo nahan musuhe nek pas diuber kena.
Ayuh siki mulai dolanan, gue pose nek arep maju meng ngerep (meng arah lawan) diidek gisit. terus sampean juga ngidek pose sampean terus nguber aku, lah nek aku ngidek posku maning kwe dadi diuber nang aku, kaya gue seteruse terus uber-uberan sampai ana sing kena. Nek di uber misale sampean koh kecawel berarti gue mlebu penjara posku, terus sampe ana kancane sing nulungi nang penjara sanding posku. Cara nulungi sing nang penjara gue misale kancane sampean sing nang penjara sampean kudu mlayu nyawel bocah gue sing nang sanding posku, tapi aja sampe keburu nang aku, mengko nek kena malah pada-pada mlebu penjara.
Menange nang dolanan dos-dosan gie yakuwe nek sampe pose sampean ora ana sing jaga, terus kelobonan nang enyong apa nang barite enyong. Carane men pose kosong kudune ana sing maju meng perek lawan terus di gawa puter-puter mlayu, dadi siji lawan siji muter-muter, engko nek gari siji terus kancane pada kena mlebu penjara otomatis kan kudu nyelametna, lah pas gue kan maju mengarep pas maju cepet-cepet gawe strategi men bisa midek pose lawane gue. Pas kepidek langsung deh ngomong DOSSSSSSS……!!!!
Nek kaya gue jenenge menang. wis monggo njejel nek nanggone sampean jejenge apa pada? oh iya ana sing kelalen Dolanan gue kudu masing-masing jumlah bocahe pada.
maturnuwun, semeno bae ya nek ana sing urung paham ya undang enyong bae, engko tak jelasna lan tak waraih.
Share this article :

Posting Komentar

 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. INFO BANYUMAS CILACAP - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger