Home » » Asal-usul basa ngapak, versi cah Kairo

Asal-usul basa ngapak, versi cah Kairo

Written By banyumascilacap on Senin, 24 Juni 2013 | 04.50

Oleh  pada 7 November 2012 | Dibaca 854 kali
Dulur-dulur kepriwe kabare? pada sehat mbok? ya sukurlah nek kaya kuwe..
Gie aku kepengin dopokan setitik.. diomong ngarang ya ngarang, tapi ya sitik-sitik ana buktine..
Kenangapa dewek wong Cilacap kie diarani wong NGAPAK? sapa sing ngarani? nah gue pitakon sing sering ditakokna.
Sengertiku, cara umume, logat basa Jawa dibagi dadi 3: yaiku NGAPAK, BANDEK , sing nomer telu jenenge BADEOL..
Bahasa jawa NGAPAK, digunakna nang wong karesidenan Banyumas, termasuk Cilacap, terus mandan ngulon titik tekan Brebes lan Tegal. Basa jawa BANDEK diomongna nang wong Kebumen sebelah wetan, Wonosobo, lan teruus ngetan tekan pol pulau Jawa. Nah bahasa jawa BADEOL gue sing diomongna nang wong Cirebon.
Dulur-dulur, sapa sing ngarani NGAPAK, bandek atawa badeol? sing ngarani ya wong sing ora nglakoni. Maksude? wong sing ngomonge “apa-apa” diarani NGAPAK nang wong sing ngomonge “opo-opo”. Sewalike, wong sing ngomonge “opo-opo” disebut BANDEK nang wong sing ngomonge “apa-apa”. Nah, wong Cirebonan, diarane BADEOL nang wong luar Cirebonan.
Ringkese, masing-masing kelompok sing njenengi kelompok liyane. Dadi, ora aneh nek ana wong Cilacap sing urung tahu lunga-lunga, ora ngerti nek logate jeneng logat NGAPAK. semana uga, wong wetanan akeh sing ora ngerti nek logate jenenge logat BANDEK. Wong BADEOL ya pada bae kaya gue..
Kaya gue sedulur..
Ana lupute njaluk ngapura ya..
Share this article :

Posting Komentar

 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. INFO BANYUMAS CILACAP - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger