Home » » Pesen Kanca Lawas

Pesen Kanca Lawas

Written By banyumascilacap on Senin, 24 Juni 2013 | 04.02

Oleh  pada 21 April 2013 | Dibaca 195 kali

Critane kaya gie sedulur (lah ana apa sih ko ijig-ijig arep crita) Yawis waca bae sapa ngertia ana hikmae. (okelah sip sob) Nah kaya gue kan tambah ganteng atawa ayu. *monolog*
Inyong mbien pas sekolah MTs Salafiyah (kaya sekolah bae koh) due kanca cah Purwokerto jenenge Ferry Fauzan. Pas balik silaturahim tekan Jogja tahun 2011 inyong koh kepikiran pengin meng Purwokerto nemoni kancaku sing wis taunan ora tau ketemu, padahal inyong meng umaeh Ferry mbene sepisan pas jaman sekolah MTs bien.
Tekan Jogja langsung meng Purwokerto numpak bis, tekan Purwokerto inyong mandan keder masalaeh aku jarang bangen meng Purwokerto ditambah ora due nomer hapene Ferry maklum jaman bien aku sekolah MTs urung due henpon. Tekan terminal Purwokerto aku numpak angkot medun nang stasiun. Tekan stasiun aku mlaku ngetutna rel sepur, masalaeh umae Ferry gue perek tekan rel atawa dalan sepur.
Punten pak, sampean ngertos ngriane mas Ferry Fauzan? inyong takon aring ewong sing agi ngari suket nang sawah.
oh ngriane Ferry, ngriku ngetutna rell luruuuuss terus limang umah saking ngriya pertama nikujawab wong tua sing agi ngarit gue kambi tangane nunjuk ke arah umah-umah sing perek rell.
AlhamdulillahInyong merasa semringah krungu kabar kaya gue masalaeh wis sue banget ora tau ngeneh, wedine ndakan umae Ferry wis pindah.
Inyong pamit aring pak tua sing agi ngarit kambi ngomong maturnewun. Sikilku ngelangkah lewih cepet lan tambah semangat. Siji, loro, telu, papat, limanang njere batin inyong ngitungi umah tanggane Ferry. Mbasa wis tekan umah nomer lima sing dimaksud bapak tua mau inyong langsung ngetuk lawang umaeh Ferry.
Assalamualaikum…. Assalamualaikum…. Mandan sue salame inyong ora dijawab-jawab
Walaikum salam, sinten ngih? Ibune Ferry jawab salam kambi bukakna lawang.
Inyong jawab kulo bu rencange mas Ferry sing ngien nang MTs Bangsari Cilacap
Ibune Ferry manggut manggut karo ngajak inyong kon mlebu ngumah.
Disuguhi nginum karo pacitan inyong diajak ngobrol nang ibune Ferry tapi ora sue Ferry balik mengumah (mungkin dihubungi nang ibune nek kanca adoh lan sue ana sing teka)
Inyong karo Ferry pun asik ngobrol ngalor ngidul kambi nyruput kopi ireng gaweane ibune. Crita jaman bie wektu tesih nang sekolahan MTs kambi jaman bien pas Ferry nang pondok ngarep umahku.
Ferry koe siki wis sukses ya dadi pak guru dan dadi wong tua beneran ya takonku aring Ferry sing wis dadi guru sekolah lan dadi wong tua, wong tua mergane Ferry wis due anak siji.
Feery kamu sekarang sudah sukses jadi Pak guru dan jadi orang tua bener ya tanyaku sama Ferry yang sudah jadi guru sekolah dan menjadi orang tua, orang tua karena Ferry udah punya anak satu.
Urung dijawab inyong wis awek pertakunan maning aring Ferry. Fer rahasiane apa sih dadi wong pinter lan sukses kaya koe?. ferry malah nyengir tok.
Belum dijawab aku sudah ngasih pertanyaan lagi sama Ferry. Fer rahasiane apa sih jadi orang pintar dan sukses seperti kamu?. Ferry cuma tersenyum saja.
Inyong ora pantang nyerah jaluk jawaban aring Ferry. Ferry meneng bae mandan sue. Ana jawaban sing kayane mandan angel di ucapna apa lagi mikirna apa mbuh gue lah.
Sob koe saiki aja mikirna dadi wong pinter gisit, koe sinau ya sinau tapi inget nang negarane dewek wis akeh banget wong sing pada pinter tapi tesih jarang banget wong sing apik tingkah lakune. Siki koe sinau dadi wong sing apik tindak tanduke lan bisa kanggogawe karo awakmu lan wong lia, aja kawatir kebejaan bisa merek mengawakmu dewek.
Sob kamu sekarang aja mikirna jadi orang pinter dulu, kamu belajar ya belajar tapi ingat di negara kita sudah banyak sekali orang pintar tapi tesih sedikit orang sekali orang yang baik tingkah lakunya. Sekarang kamu belajar jadi orang baik tingkah lakunya dan bermanfaat buat dirimu dan juga orang lain, jangan khawatir kesuksesan akan menghampiri dirimu.
Kalingane Ferry jawab pertakonanku mandan dawa lan ngena banget, sampai siki terus tek inget-inget pesene kanca lawasku sing jenenge Ferry Fauzan.
Share this article :

Posting Komentar

 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. INFO BANYUMAS CILACAP - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger