Home » » Pijet Refleksi, Sapa Wani?

Pijet Refleksi, Sapa Wani?

Written By banyumascilacap on Senin, 24 Juni 2013 | 03.48

Oleh  pada 13 Juni 2013 | Dibaca 96 kali

Refleksi Kabeh wong mesti wis ngerti, nek kesehatan kuwe termasuk rejeki sekang Gusti Alloh sing larang regane. Contone, wong sing ora bisa ngentut, kudu operasi entong duit jutaan. Wong sing ambekane kangelan, go berobat maring dokter juga entonge akeh. Mulane, sebagai rasa bersyukur, kita kabeh kudu bisa menjaga kesehatan awake dewek. Sing ngati-ati dalam segala sesuwatu, ora kurang ora berlebihan. Alias sedang-sedang bae.
Sehubungan karo kesehatan mau, sedulur kabeh mungkin wis tau krungu sing arane pijet refleksi. Sing uwis-uwis, pijet refleksi ora kaya pijet kesel. Sing dipijet biasane mung sikil karo tangan. Jan-jane, menurut informasi sekang berbagai sumber, pijet refleksi kuwe manfaate akeh pisan. Salah satune adalah memperlancar peredaran darah. Mengko-mengkone, tukang pijet refleksi sing wis handal bisa mendeteksi kelemahan apa sing ana nang awak. Selanjute, bisa diambil tindakan seperlunya.
Cuma sayange, wong-wong sing memanfaatkan pijet refleksi sebagia pengobatan alternatif isih setitik. Salah siji penyebabe, pijet refleksi memang rasane mantap. Sing ora bener-bener butuh, biasane mung pijet sepisan langsung kapok. Berdasarkan pengalaman aku dewek, rasane memang lara banget. Nek ana sistem rating 1-10, larane nang angka 9.5. Sitik maning 10. Cuma aja kuatir, larane mung sedela tok. Bar dipijet, larane langsung ilang. Manfaat positife, aku bisa ngerti perihal kesehatan awakku. Dadi sedurung pijet, aku ora cerita. Bubaran pijet, tukang pijete me-review kondisi kesehatanku. Ternyata, cocok karo sing selama ini dirasa.
Kanggo blogger Cilacap, ayoh sapa sing pengin pijet refleksi?
Share this article :

Posting Komentar

 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. INFO BANYUMAS CILACAP - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger